السلام عليكم ورحمة الله وبركته
ان لحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره، ونعوذ
به من شرور انفسنا ومن سيءا ت اعمالنا، من ىهدى الله فلا مضل له، ومن ىضلل فلا
هادى له، والصلاة والسلام على رسول الله، وعلى اله وصحبه ومن تبع هداه، اما بعد
Ingkang
kinurmatan kepala sekolah SMK N 2 Kudus Bp. Harto Sundoyo, M.Pd
Ingkang
kawulo urmati jajaran dewan guru soho karyawan SMK N 2 Kudus
Ingkang
kawulo urmati ugi dewan juri Lomba Pidato Bahasa jawa
Boten
kesupen rencang-rencang sedoyo ingkang kulo tresnani lan kulo banggaaken
Muji
syukur dateng Allah SWT, sehinggo kulo lan sampeyan sedoyo saged makempal ing
acara “Lomba Pidato Bahasa Jawa” ing SMK N 2 Kudus kanthi keadaan sehat wal
afiyat. Sholawat serto salam kaaturaken dateng Nabi Agung Rosulillah Muhammad
SAW. Mugi-mugi benjang ing dinten kiamat kitho keparingan syafa'atipun. Amien
Hadirin
wal hadirot ingkang kawula urmati,
Kulo
teng mriki badhe nyampeaken pidato ingkang judulipun “kewajiban pados ilmu”. Kanjeng Nabi Muhammad SAW bersabda ingkang
artosipun “mados ilmu wajib hukume kagem sedoyo umat islam lanang lan wadon
seko ayunan nganti dumugi liang lahat.”
Kitho
sebagai umatipun kanjeng Nabi Muhammad kedah yakin bilih mados ilmu niku wajib
hukume kagem kauripan kitho ing dunya lan kauripan akhirat kelak. Tanpo kito
gadah ilmu, kito boten saged bedaaken pundi seng sae pundi seng ala, pundi seng
halal pundi seng haram. Mongko songko iku, kitho kedah semangat mados ilmu
kangge tujuanipun ngurangi kebodohan.
Senajan
kitho temenan li mados ilmu, kitho anggadahi katah ilmu, kebodohan ingkang
kitho miliki boten saged kitho ilangi. Anamung kebodohan meniko saged dipun
kurangi bilih kitho purun mados ngilmu soho mulyaaken ahli ilmu. Sebab kudrote
menungso niku tempate salah lan doso.
Hadirin
wal hadirot ingkang dipun mulyaaken Allah SWT,
Kitho
diciptaaken kaleh Allah niku berpasang-pasangan. Enten jaler enten istri, enten
rino enten bengi, enten susah enten bungah, enten langit enten bumi. Ilmu geh
ngoten enten pasangane inggih meniko ilmu umum kaleh ilmu hukum. Antara ilmu
umum kaleh ilmu hukum kitho kedah seimbang. Sebab ilmu umum kitho kuganaaken
kagem kauripan ing dunya. Bilih kitho mados ilmu hukum tegese ilmu agomo supoyo
dados bekal benjang kauripan ono ing alam abadi inggih puniko akhirat. Kanjeng
Nabi Muhammad nate dawoh;
مَنْ
أَرَا دَالدُّنْيَا فَعَلَيْهِ بِا لْعِلْمِ، وَمَنْ أَرَادَالْاآخِرَةَ
فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ، وَمَنْ أَرَادَهُمَا فَعَلَيْهِ بِالْعِلْم
Iku tegese :
"Wong sing kepengin gesang donya banjur iku wajib kanggo wong duwe ilmu, lan sapa
sing kepengin urip Akherat , banjur iku wajib kanggo wong duwe ilmu , lan sapa sing
kepengin loro mau banjur iku wajib kanggo wong duwe ilmu " . (
HR . Turmudzi )
Sangking
hadits meniko, saged kitho renungi bilih mados ilmu niku kedah seimbang
antarane ilmu umum lan ilmu hukum. Sebab tanpo ilmu umum kitho pincang, tanpo
ilmu hukum tegese agomo kitho buta. Mongko songko iku, saged dados perhatosan
bilih ilmu niku banget pentinge. "Tiyang mulya derajate yo sebab ilmu,
tiyang ditampi amale yo sebab ilmu".
Hadirin wal
hadirot ingkang kawula urmati,
Sak derenge kulo
pungkasi atur kawulo niki, monggo sareng-sareng kitho maos sholawat.
صل وسلم داءما على احمدx 2
والال والا صحاب من قد وحداx 2
Ayo
do ngurangi podo kluyuran
Timbang
kluyuran becik moco pelajaran
Skada
kudus wadah kanggo belajar
sukses
belajare Gampang luru gaweane
صل وسلم داءما على احمدx 2
والال والا صحاب من قد وحداx 2
Ayo
do ngurangi nonton televisi
Timbang
nonton tv luweh becik ngaji
Ngaji
ngono kui kanggo sangu mati
Besok
yen wes mati gen diberkahi
صل وسلم داءما على احمدx 2
والال والا صحاب من قد وحداx 2
Mugia
jalaran bersholawat kalawau kitho pikantuk syafa'atipun Kanjeng Nabi Muhammad
SAW serto dipun akui umatipun. Amien Allahuma…. Amien. Cekap semanten atur
kawulo,……
Kupat
janure klopo
Menawi
enten lepat nyuwun ngapuro.
وبا الله توفق والهداىه
والسلام علىكم ورحمة الله وبركته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar